Dari, Oleh, Untuk MWCNU RENGEL

Wikipedia

Hasil penelusuran

Language Choice

غينا غينكم غينهم

Selasa, 01 Desember 2020

Siapakah Yang Berjasa Dalam Prmbangunan Gedung NUCR MWCNU RENGEL?


Tetep semangat pak Tukang+kuli. 

Jenenganlah yg. Berjasa atas bangunan ini. Tanpa jenengan apalah arti Material ini. Alloh kariiim semoga peluh keringatmu jd ladang amal ibadahMu utk keluargamu muslimin muslimat. Aaamiiin🤲🤲

[1/12 05.19] SUHU-2: Nuwun Sewu ...  🧘‍♂️🙏😭💥⭐

*_Pangendikanipun leres ananging inggih mboten mekaten ugi ..._*

Ananging nyotonipun ingkang sampun lumampah lan kelampahan antawisnipun inggih puniko :

Sedoyonipun mboten saget kapisah-pisah,  mboten saget kaugel-ugel,  kamutilasi-mutilasi,  kapiyambaaken-piyambaaken. 

Wonten ingkang pados Tukang

Wonten Tukang

Wonten Pasukan Rayap

Wonten Mandor

Wonten Ingkang Kagungan Dana

Wonten ingkang kagungan material

Wonten ingkang kagungan koneksi

Wonten ingkang kagungan siti senaoso dipunsade. Seumpami mboten dipunsade lhak ngowoh ndomble kados kobo-an soto. 

Wonten Panitia

Wonten ingkang obrak-obrak

Wonten ingkang dipunobrak-abrak

Wonten ingkang ngempit ngeloni bangunan

Wonten ingkang blonjo materialan

Wonten ingkang setio ngaturi Tetedan,  Daharan, Unjukan,  lll. 

Wonten ingkang resik-resik ingkang ketingal peningal lan mboten ketingal peningal zdoohir. 

Wonten ingkang nyopiri kendaraan

Wonten Pasukan KOIN

Wonten Kiyai

Wonten Nyai

Wonten Santri

Wonten Tokoh Pemerintahan (Legislatif,  Eksekutif,  Yudikatif)

Wonten Tokoh Masyarakat

Wonten Warga NU ingkang kerso nyengkuyung

Wonten Warga Non NU ananging mboten alergi NU 

Wonten ingkang tinansah ndedungo rinten dalu

Wonten ingkang pasif ananging mboten ngrusuhi blas ding.  Seumpami dipunrusuhi,  lhak mboten bakalan dados ingkang kados ketingal sakmangkih. 

Wonten ingkang tinansah ngumpo semangat kersaning mboten nglokro lan nglemprek ingdalem perjuangan lan pengorbanan. 

Wonten ingkang ngimutaken rikolo wonten kalepatan utawi kirang prayogi. 

Wonten ingkang kerso nyempataken gegojekan minongko hiburan.

[1/12 06.37] Ma: Kog koyok leres gus jawaban jenengan.....😁😁😁😁👍👍👍👍🙏🙏🙏🙏

[SUHU]:
Puniko menawi dipun-syarahi dados panjang lebar, tinggi dalam tebal lhooo ...  minimal 313 halaman Ms Word, kertas A4, align (left 4 cm,  top,  right, bottom @ 3 cm),  sepasi baris 1.5 cm, font fype Times New Roman,  font size 12 ... Monggo katuran nyarahi ... 🧘‍♂️🙏😔👍💥⭐

0 Comments:

Posting Komentar