Dari, Oleh, Untuk MWCNU RENGEL

Wikipedia

Hasil penelusuran

Language Choice

غينا غينكم غينهم

Jumat, 09 April 2021

Aji-Aji Kedigdayaan Sopo Siro Sopo INGSUN, Sopo INGSUN Sopo Siro

[Kamis,  8/4 07.07] Suwandikin: OJO LALI, OJO DUMEH, OJO NGOYO

Dadi wong urip iku kudu tansah setiti lan ngati-ati, lilo legowo pasrah marang Gusti ingkang moho kuoso, Ojo lali, ojo dumeh, ojo ngoyo...

OJO LALI

Teges'e mangerteni nek sangkan paraning urip iku mituhu marang Gustine, wong kang tansah mituhu marang Gusti ingkang murbeng dumadi, bakal ndadekke dalan panganing urip ingkang becik, bakal ndadekke oboring urip ingkang sejati...


OJO DUMEH

Teges'e dadi wong urip iku ojo adigang adigung adiguno yoiku arogan sombong pamer drajat pangkat utowo gumebyaring bondho donyane, Kabeh iku ora bakal kekal lan abadi, sedoyo niku amung kagungane Gusti ingkang ngakaryo jagad sak kabehane ndonyo ingkang bakal bali...


OJO NGOYO

teges'e nek nduweni gegayuhan iku ora perlu ngoyo-ngoyo utowo kadang kolo malah nganti gawe loroning ati marang liyan, amargo sing jenenge gagayuhan kanthi krono sing ora bener bakal dadi musibah keno ing awak'e dewe...


Urip iku sak dermo nglampahi, patuh lan teteg ing iman ingkang ndadekke Gustine niku bakal paring upah  jembaring swargo ingkang tanpo wates amin...

[8/4 13.09] SUHU PSPB RONGGOLAWEZ 21: *💥الحمد لله رب العالمين⭐*


Sopo Siro Sopo INGSUN


Sopo INGSUN Sopo Siro 


Siro Iku Dudu INGSUN


INGSUN Iku Dudu Siro


Siro Yo Siro Dudu INGSUN


INGSUN Yo INGSUN Dudu Siro


Lamun Siro Iku Dadi INGSUN,  Yo Ora Bakal Iso


Lamun INGSUN  Dadi Siro, Yo Ora Bakal Iso


Siro Iku Yo Siro


INGSUN Iku Yo INGSUN


Siro INGSUN Iku Yo Podho-Podho


Titahing Urip Ing Alam Dunyo Iku Nandur Kabecikan


Ananging Nyapo Lha Kok Yo Podho Luwih Seneng Nandur Kaoloan


Nandur Kabecikan Yo Uripe Bakal Sumringah & Kamulyan 


Nandur Kaoloan Yo Uripe Bakal Congkrah Bubrah Ngenes & Kainoan


Nandur Kabecikan Bakaling Oleh Suwargo


Nandur Kaoloan Bakaling Oleh Neroko


Sopo Siro Sopo INGSUN


Siro INGSUN Podho-Podho Kawulaning GUSTI ALLOOH SWT Ingkang Murbeng Dumadi Sedoyo Alam Jagat Soho Isine


Sopo Siro Sopo INGSUN


Siro INGSUN Iku Yo Dudu Sopo-Sopo Jalaran Mung Kawulaning GUSTI ALLOOH SWT Sing Kudu Tinansah 'Ibaadah, Dedungo, Shobar, Syukur, Istiiqoomah & Tawakkal Anglakoni Sakabehing Titahing GUSTI ALLOOH SWT


*💥 بسم الله أمنت بالله وتوكلت على الله لا حول ولا قوة الا بالله العلي العظيم⭐*


 *💥 بسم الله أمنت بالله وتوكلت على الله لا حول ولا قوة الا بالله العلي العظيم⭐*


*💥 بسم الله أمنت بالله وتوكلت على الله لا حول ولا قوة الا بالله العلي العظيم⭐*

[8/4 13.56] +62 856-4592-2420: 😄😄👍👍Sopo siro sopo INGSUN, Siro dudu INGSUN, lan INGSUN dudu siro, anangin Siro iso tiru INGSUN lan INGSUN Iso tiru siro, mateg ajiku aji sopo siro sopo INGSUN. Kun fayakun siro dadi INGSUN, INGSUN dadi siro, 😄😄😄💪💪💪

[8/4 14.14] Yai Dahlan Matroiis: Sopo siro sopo ingsun. Ingsun yo ingsun .siro  yo siro. La ingsun  iku spo  siro iku yo sopo. Siro  bakal koyo opo  opo ora bakal koyo ingsun.

[8/4 17.43] SUHU PSPB RONGGOLAWEZ 21: Siro Sopo INGSUN Sopo


Sopo INGSUN Sopo Siro


Sopo Siro Sopo INGSUN


Siro Tiru INGSUN Ora Poppo



INGSUN yo INGSUN, Siro Yo Siro


INGSUN Emmoh Dadi Siro


Aji2 INGSUN, Aji2 Horra Gie Lem


INGSUN Mateg Aji-Aji Penatasan Bim Salabim Abra Gedabrus *_EMMOOOOOOOH_* 🧘‍♂️😇✋💥⭐

[8/4 19.26] Yai Dahlan Matroiis: La niki aji2sangkan paraning dumadi

0 Comments:

Posting Komentar